Kamis, 21 November 2013

TRADISI JAWA MITONI

Mitoni

SIRAMAN WEKTU UPACARA MITONI

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

ING NGISOR IKI UBO RAMPE ING DALEM NGELAMPAHI ADAT MITONI

UBO Rampe mitoni / tingkeban 
(Slametan Pitung wulanan)
Tumpeng Selamatan
 

 Mitoni utawa kawilujengan pitu saben wulan, dileksanakake sawise meteng saka ibu malah umur 7 sasi utawa luwih. Kaleksanan ngirim ora kurang saka 7 sasi, malah kurang dina. Ana sing lagi ora Neptu utawa weton (SM + dina dina Jawa) digunakake minangka pelaksnaan pathokan, sing penting ana njupuk utawa ana. Mitoni tujuan utawa tingkeban ibu lan jabang bayi supaya bakal katahan ing-kang lan uga safety (Wilujeng, santosa, Jatmika, rahayu).

PERSYARATAN :


1. Bubur 7 warna : 
Campuran 7 macem bubur; (1) bubur abang (2) bubur putih (3) abang ditumpangi putih, (4)  putih ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6) abang disilang putih, (7) baro-baro (bubur putih ning dhuwure diwenehi parutan kelapa lan sisiran gula jawa).
Bubur putih didahar kaliyan ingkang rama. Bubur abang didahar ingkang ibu . Bubur sing liyane didahar sak keluarga.
bubur7rupa

0 komentar:

Posting Komentar

Posting Lama Beranda

Diberdayakan oleh Blogger.
 

Followers

 

Templates by Nano Yulianto | CSS3 by David Walsh | Powered by {N}Code & Blogger